Assalamualaikum Wr. Wb.
Sugeng enjing sedaya... Pripun kabare? Muga tansah diparingi kasehatan. Ketemu maneh ing kagiatan pembelajaran daring, aja bosen sinau yaa. Yen bosen oleh nyanyi-nyanyi dhisik banjur ditutukna olehe sinau. Aja nunda-nunda sinau lan garap tugase. Kurang 2 pertemuan maneh sampean wis PTS, mangka iku sampean kudu luwih sregep olehe sinau. Sing durung garap tugas sadurunge bisa dibuka ing blog bahasa Jawa lan pilih materi sing durung digarap. Ayo padha semangat olehe sinau!!!!!
Ing pertemuan iki bu Cindy bakal nglanjutake bahasan ngenani basa Rinengga. Ing pertemuan wingi sampean wis diutus maca lan nyatet bab-bab kang wigati/ penting. Nah kudune saiki yen tak jelasake luwih gampang mangertenine. Langsung wae yaaa.....
Basa Rinengga yaiku basa sing dipaesi ateges basane dipaesi kanthi iketan kang apik lan runtut supaya luwih apik, alus, endah, lan ngresepake. Basa rinengga anane ing kasustraan, pambyawara, lan pagelaran kaya wayang kulit, lsp.
Basa Rinengga ing kasustraan kayata ing tembang macapat, geguritan, dongeng, lan crita cekak.
Basa Rinengga ing pambyawara (penyiaran) kayata ing pranatacara, medhar sabda (pidhato), tanggap wacana (sambutan), lan antawacana ing upacara adat.
Basa Rinengga ing pagelaran kayata ing wayang kulit, wayang wong, kethoprak, lan ludrug.
Carane ngrakit basa rinengga iku bisa nganggo pilihan pepaese basa kang ndadekake endahing ukara/ basa, kayata pilihan tembung, pilihan wuwuhan (imbuhan), pilihan tetembungan (ungkapan), lan utawa pilihan rumpakan (bentuk karangan).
a. Tembung Lumrah
Tembung lumrah kang dipilih iku dirasa luwih alus, ora saru, gampang ditampani maknane, lan endah. tuladha: susah diganti tembung priyatin, endhas diganti sirah, lsp.
b. Basa Rumpakan (karangan)
Karangan kang awujud basa rinengga yaiku purwakanthi, geguritan, tembang macapat, parikan, wangsalan, panyandra, sesanti.
c. Wuwuhan
Wuwuhan kang bisa ndhapuk basa rinengga, yaiku ater-ater anuswara (any-, am-, ang-, an-), seselan (-in, -um, -el, -er), wuwuhan bebarengan, tembung rangkep, lsp
d. Tetembungan (ungkapan)
Tetembungan bisa arupa paribasan, bebasan, saloka, sanepa, lsp.
Paribasan utawa yen ing bahasa Indonesia diarani peribahasa, yaiku unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah.
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa.
Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge.
Pepindhan yaiku unen-unen sing duwe teges emper-emperan utawa irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane.
(Tuladha jangkep ana ing buku paket Kirtya Basa kaca 35)
e. Tembung Tartamtu
Tembung-tembung saka tembung yogaswara, tembung saroja, tembung entar, tembung garba, tembung kawi, tembung kosok balen, tembung dasanama, tembung kerata basa, lsp. Tembung-tembung sing dimaksud kuwi tak jletrehake ing ngisor iki.
1. Tembung Yogaswara yaiku tembung loro sing meh padha pangucapane, mung beda wanda pungkasane lan duweni teges lanang wadon. Tuladhane: dewa-dewi, hapsara-hapsari, putra-putri, lsp.
2. Tembung Saroja yaiku tembung loro sing padha tegese lan digawe bebarengan supaya mbangetake tegese. Tuladha: adem ayem, petheng dhedhet, gagah prakosa, lsp.
3. Tembung Entar yaiku tembung sing duweni teges ora satemene utawa makna kias. Tuladha: lunyu ilate, abang kupinge, dawa tangane, lsp.
5. Tembung Kawi yaiku tetembungan kang cak-cakane winates ana ing basa endah, umpamane kanggo ing kesenian wayang, kethoprak, lan acara liyane kang gegayutan karo adat kejawen. Basa kawi iki jarang digawe ing pakulinan saben dina. Tuladha: geni diarani agni, srengenge diarani pratanggapati, lsp.
6. Tembung Rura Basa yaiku rakitaning tembung kang luput nanging wis umum utawa lumrah digawe ing padinane. Tuladha: menek klapa (kudune menek wit klapa); adang sega (adang beras supaya dadi sega); lsp.
7. Tembung Kerata basa yaiku negesi tembung sarana mirid swara wandane utawa tembung loro kang digandheng nanging suda wandane lan mawa teges. Tuladha: kuping (kaku njepiping); guru (digugu lan ditiru); nandur (nata karo mundur); lsp.
Nah kuwi maeng macem-macem basa rinengga, yen sampean pengin weruh panjelasan utawa tuladha sing akeh mangga dibuka buku paket lan buku pepak e yaaa... Supaya bu Cindy ngerti yen sampean kabeh paham ngenani pasinaonan dina iki mangka digarap dhisik latihan soal sing ana ing ngisor iki yaaa...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar