Assalamualaikum Wr. Wb.
Sugeng enjing sedaya. Piye kabare? Muga-muga tansah diparingi kasihatan. Sadurunge melbu ing materi, supaya luwih semangat ayo padha nyanyi mars Basa Jawa dhisik. Isih iling toh? Mangga….
Mars Basa Jawa
Yo kanca sinau Basa Jawa
Basa Jawa kabudayan bangsa
Budaya Jawa dilestarikna
Aja wegah sinau Basa Jawa
Basa Jawa dudu basa langka
Basa Jawa dudu basa kuna
Yen bisa aja ditinggalna
Basa Jawa bisa tetep jaya
Basa Jawa …. Inggih
Budaya Jawa …. Leres
Kelas ………. Mangga
Nah ing pertemuan iki kita bakal sinau struktur teks cerkak utamane unsur intrinsik. Supaya gampang ayo dibuka lan diwaca dhisik buku Kirtya Basa kaca 3 nganti kaca 5 sing irah-irahane “Dea Kudu Bisa”. Wacan bisa diwaca ing kene.
Yen wis maca wacan kasebut, kira-kira ana sing ora dimangerteni? Yen ana sing ora dimangerteni bisa takon ana ing kolom komentar.
Sadurunge melbu ing unsur intrinsik cerkak, apa sampean wis weruh apa iku cerkak? Yen durung mangga disimak pepeling ing ngisor iki.
Dadi cerkak kuwi cerita cekak kang nyritakake prastawa utawa kedadean kanthi ringkes. Crita kasebut bisa saka prastawa pribadi panulis. Ing sajroning cerkak ana unsur-unsur kang diarani unsur intrinsik. Unsur intrinsik ana 6, yaiku tema, alur, latar, paraga, sudut pandang, lan amanat.
Tema berarti undherane crita. Supaya weruh tema saka cerkak siswa kudu maca wacan cerkak nganti mari. Tema cerkak ana macem-macem, kayata tema pendhidhikan, kasihatan, kabudayaan, lsp.
Alur yaiku dalane crita wiwit awal nganti akhir crita. Alur macem e ana 3, alur maju, alur mundur, lan alur campuran. Alur maju nyritakake dalan crita diwiwiti saka awal mula crita runtut nganti akhir. Tuladhane kaya nyritakake budhal sekolah nganti mulih sekolah. Alur mundur sawalikane alur maju. Alur mundur nyritakake dalan crita diwiwiti saka akhir crita. Tuladhane wayah mulih sekolah nyritakake sing wis kedadean winginane. Yen alur campur campuran saka alur maju lan alur mundur.
Latar dibagi dadi 3, yaiku latar panggonan, latar wektu, lan latar swasana. Latar katenger saka isi crita, bisa disebut langsung karo panulis. Latar panggon nerangake panggonan crita iku ana ing endi. Yen ing crita “Dea Kudu Bisa” latar panggon ana ing sekolah lan omah. Latar wektu nengeri wayah apa crita kasebut dicritakake. Yen sekolah berarti wayah isuk, lsp. Latar swasana bisa nengeri swasana alam sekitar uga bisa nengeri swasana atine paraga. Yen swasana alam kayata adem, panas, lsp. menawa swasana ati kayata sedhih/ susah, bungah, lsp.
Paraga yaiku para pemain utawa wong kang ana ing sajroning crita. Paraga ing kene gandheng karo watake. Kaya ing crita “Dea Kudu Bisa” ing kunu paragane ana Dea lan ibune. Dea duweni watak sing tanggung jawab, yen ibune duwe watak sabar lan welas asih. Watak paraga bisa katenger saka panuturan panulis ing njroning wacan.
Supaya gampang nemtokake sudut pandang, bisa dititik saka tembung sesulih. Yen nganggo sesulih “aku” mangka sudut pandang nganggo sudut pandang wong kasiji. Yen nganggo jeneng wong kaya “Dea” mangka nganggo sudut pandang wong katelu.
Ing sajroning cerita mesti ana amanat sing arep disampaikake kanggo sing maca. Amanat ing kene tujuane supaya dijupuk hikmahe lan bisa dituladha ing panguripan saben dinane.
Yen wis maca materi unsur intrinsik cerkak ing dhuwur banjur jawaben latihan soal ing ngisor iki. Sadurunge mangsuli pitakonan ing ngisor iki, sampean waca dhisik wacan sing irah-irahane "Budi Dhemen Tetulung" ana ing paket Kirtya Basa kaca 8-10 sing dakshare ing dhuwur mau.








Tidak ada komentar:
Posting Komentar