Assalamualaikum Wr. Wb.
Sugeng enjing sedaya. Pripun kabare? Mugi tansah diparingi kasihatan kalian Gusti Allah SWT. aamiin...
Saderenge mlebet ten materi mangga dunga rumiyen supados ilmune barokah.
Ing pertemuan minggu wingi wis tak jelaske ngenani unsur intrinsik cerkak. Unsur intrinsik cerkak ana 6, yaiku tema, alur, latar, paraga, sudut pandang, lan amanat. Saka latihan soal sing wis digarap, akeh sing isih bingung nemtokake tema lan sudut pandang. Mula ing pertemuan iki bakal dakjelasake ngenani tema lan sudut pandang maneh sadurunge nganalisis unsur intrinsik ing sajroning cerkak "Budi Dhemen Tetulung".
Yen pengin nemtokake tema kudu maca dhisik wacan nganti entek. Isih ngrasa angel? Yen isih ngrasa angel golekana tetembungan (kata) sing sering muncul ing njero wacan. Tuladhane ing wacan sering muncul tembung-tembung kaya sekolah, kelas, ketua kelas, kanca sakelas, lsp berarti temane pendhidhikan. Yen sing muncul tembung-tembung kaya dokter, lara untu, rumah sakit, lsp berarti temane kasihatan.
Sudut pandang yaiku empan-papane sing nyritakake ana ing sajroning crita, bisa dititik saka tembung sesulih kanggo paraga utama ing cerkak. Isih iling tembung sesulih sing dipelajari ing kelas VII? Tembung sesulih yaiku kata ganti, bisa ganti wong, barang lan sapanunggale.
Dadi yen pengin weruh cerkak kuwi nganggo sudut pandang apa mangka kudu didelok paraga utamane dhisik. Yen nganggo tembung sesulih "Aku" berarti gawe sudut pandang wong kasiji. Yen paraga utamane nyebut jeneng wong kaya Dea, Disty, Arsya, lsp berarti nganggo sudut pandang wong katelu.
Wis paham apa durung? Menawa wis paham mangga dikerjakake latihan soal sing ana ing ngisor iki.
Kanggo siswa sing ora ngerjakake Latihan Soal ing dhuwur 👆 tanpa ana izin mangka dianggep ora melbu (alpha). Menawa ana halangan (sakit, lsp) bisa WA japri ing bu Cindy. Nuwun
Sugeng makarya sedaya 😊😊😊
Maaf bu, soal nomor satu niku kajaba nopo?
BalasHapus