Ragam Basa lan Basa Rinengga

 Assalamualaikum Wr. Wb.

Sugeng enjing para siswa…. Piye kabare? Muga tansah sehat kabeh yaa. Ing pertemuan minggu wingi sampean wis ngerjakake ulangan harian ngenani Bab 1. Kira-kira ana sing kangelan utawa isih bingung? Yen misal sampean ana sing kangelan utawa bingung bisa takon menyang bu Cindy lewat japri utawa bisa ditulis ing kolom komentar.

Yen wis pada cetha kabeh mangka ing pertemuan iki bakal daklanjutake menyang bab salanjute, yaiku bab 2 babagan ragam basa lan basa Rinengga. Sadurunge dakjelasake, bu Cindy arep takon sek, apa sampean nate krungu ragam basa? Yen wis nate, apa iku ragam basa? Yen pengen weruh coba sampean buka buku paket Kirtya Basa kaca 34. Ing kunu wes ana penjelasane lengkap ngenani ragam basa lan Basa Rinengga.

Ing pertemuan iki tugase sampean yaiku nyatet bab-bab sing penting ing buku paket kaca 34 nganti 39. Sampean catet bab-bab sing penting kuwi ing buku tulis basa Jawa. Sadurunge nindakake kegiatan kasebut mangga absensi kehadiran dhisik ing ngisor iki.

1 komentar:

Pengenalan Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 8

Assalamualaikum Wr. Wb. Sugeng Enjing . Bagaimana kabar kalian semua? Semoga Allah senantiasa melindungi kita semua. Pada kesempatan ini s...