Assalamualaikum
Wr. Wb.
Sugeng siang
sedaya. Pripun kabare? Muga tansaha diparingi kasihatan marang Gusti Allah,
aamiin..
Isih semangat
sinau? Masio tah sinau lewat daring kudu tetep semangat yaaa... Supaya luwih
semangat kayake kudu nyanyi mars Basa Jawa dhisik iki. Ayooooo ……
Mars Basa Jawa
Yo kanca sinau Basa Jawa
Basa Jawa kabudayan bangsa
Budaya Jawa dilestarikna
Aja wegah sinau Basa Jawa
Basa Jawa dudu basa langka
Basa Jawa dudu basa kuna
Yen bisa aja ditinggalna
Basa Jawa bisa tetep jaya
Basa Jawa …. Inggih
Budaya Jawa …. Leres
Kelas ………. Mangga
Ing pertemuan katelu iki bu Cindy bakal mbahas ukara langsung lan
ukara ora langsung. Ana sing wis nate krungu? Apa iku ukara langsung lan ukara
ora langsung? Supaya ngerti coba dibuka buku paket Kirtya Basa kaca 12. Ing kunu
wis ana panjelasan kaya ing ngisor iki.
Ukara langsung yaiku ukara sing jejer e sing ngomong utawa wong
kapisan/utama purusa sing ngomong. Iku berarti wong e ngomong langsung tanpa
perantara. Ukara langsung yen ditulis mesti ana tandha petik loro ing awal
ukara lan pungkasan ukara (“…”). Tuladhane kaya ing ngisor iki.
Yen ukara ora langsung yaiku ukarane sing ngomong/ nyritakake wong
katelu. Dadi ing ukara kasebut sing ngomong wong liya/ katelu nanging ngomongna
wong kasiji/ jejer. Misal Dea ngomong menyang ibune banjur ibune nyritakake
marang wong liya iku diarani ukara ora langsung. Tengere ukara ora langsung
yaiku ana tembung panggandheng (kata hubung). Tembung panggandheng sing dinggo
biasane tembung yen lan menawa. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
Yen arep ngubah ukara langsung dadi ora langsung mangka kudu ditambahi tembung panggandheng yen, menawa utawa tandha koma (,). Tuladha:
" Kekompakan kelas iku ora tuwuh karepe dhewe", ngendhikane ibu.
yen diubah dadi ukara ora langsung dadi:
Ibu ngedhikan yen kekompakan kelas iku ora tuwuh karepe dhewe.
Yen ngubah ukara ora langsung dadi ukara langsung mangka kudu diwenehi tandha petik kanggo ngapit ukara langsung.
Tuladha:
Kandhane Dea, dheweke ngrasa wis ora kuwat dadi ketua kelas.
yen diubah dadi ukara langsung dadi:
"Aku wis ora kuwat dadi ketua kelas", kandhane Dea.
Supaya luwih paham coba garapen gladhen ing ngisor iki.
Nama : Rista Agustina
BalasHapusNo:25
Kelas8C
Nama:Najwa keysya
BalasHapusKelas:8B
No. Absen:24
Nama : Putri Amalia Wulan Rizqi
BalasHapusKelas : 8A
No. Absen : 22
Nama: MUHAMMAD RAIHAN AL JAELANI
BalasHapusNo absen:22
Kelas: 8E
Nama:Raya Mayla Putri
BalasHapusKelas:8D
No.absen:27
Nama:rila amanda
BalasHapusNo:26
Kls:8G
nama:nur syifa dewi
BalasHapuskelas:8C
no.absen:21
Nama Dea Tirsa Rahmawati
BalasHapusKls 8B
No absen 7